Tak Lelo lelo lelo ledung

tak lelo lelo lelo ledung...
cup menenga aja pijer nangis
anakku sing ayu (bagus) rupane
nek nangis ndak ilang ayune (baguse)

tak gadang bisa urip mulyo

dadiyo wanita (satrio) utomo
ngluhurke asmane wong tua
dadiyo pendekaring bangsa

cup menenga anakku

kae bulane ndadari
kaya ndas butho nggilani

lagi nggoleki cah nangis

tak lelo lelo lelo ledung

cup menenga anakku cah ayu (bagus)
tak emban slendang batik kawung
yen nangis romo ibu bingung

tak lelo lelo ledung..

Komentar

Postingan Populer