Kidung Rumeksa Ing Wengi
[dandhanggula - 10i,10a,8e,7u,9i,7a,6u,8a,12i,7a]
Sunan Kalijogo




Ana kidung Rumeksa ing wengi
Teguh hayu luputa ing lara
Luputa bilahi kabeh
Jim setan datan purun
Paneluhan tan ana wani
Miwah panggawe ala
gunane wong luput
Geni atemahan tirta
Maling adoh tan ana ngarah ing mami
Guna duduk pan sirna

Sakeh lara apan padha bali
Liring ama pan sami mirunda
Welas asih pandulune
Sakehing braja luput
Kadya kapuk tiba ing wesi
Sakehing wisa tawa
Sato galak lulut
Kayu aeng lemah sangar
Songing landhak guwaning wong Lemah miring
Myang pakiponing merak

Pagupokaning warak sakalir
Nadyan arca myang segara asat
Temahan rahayu kabeh
Apan sarira hayu
Ingideran kang widadari
Rineksa malaekat
Lan sagunging rasul
Pinayungan ing hyang sukma
Ati Adam utekku baginda Esis
Pangucapku yo Musa

Napasingsun ya ngIsa Linuwih
Nabi Yakub pamiarsaningwang
Dawud suwaraku mangke
Ya Ibrahim nyawaku
Nabi Sleman kasekten mami
Nabi Yusuf rupeng wang
Edris ing rambutku
Baginda ngAli kulit wang
Abubakar getih daging ngUmar singgih
Balung baginda ngUsman

Sumsumingsun Patimah linuwih
Siti Aminah bayuning angga
Ayub ing ususku mangke
Nabi Nuh ing jejantung
Nabi yunus ing otot mami
Netraku ya Muhammad
Pamuluku Rasul
Pinayungan Adam Kawa
Sampun pepak sakathahe para nabi
Dadya sarira tunggal

Komentar

Postingan Populer